Kategori
Fragment

Arek Suroboyo

Moco postingane Kang Rawins soal Jurnal Ngapak, gak ngerti kenopo kesentil pengen nulis nggae boso Suroboyoan. Opo sing diomongno Kang Rawins neng jurnal iku nggarai tergelitik.

Ganteng ya? ya? ya?

Menowo sampean sing moco blog iki dudu arek Suroboyo, ora iso boso Jowo lan sak piturute, sepurane sing akeh yo. Monggo moco tulisanku sing liyane. Sanajan iso boso Jowo jugak mungkin aneh moco tulisan iki soale boso sing tak gae ki boso Suroboyo, dudu boso Jowo aseli.

Lahir lan gede nang Suroboyo, aku wani ngaku dadi arek Suroboyo.

Pasti wis sering krungu crito soal arek Suroboyo kan? kasar, ceplas-ceplos, emosian lan nekat? hahaha. Iso dianggep bener sih tapi yo gak bener kabeh. Lek arek suroboyo koyo sing tak tulis iku, berarti aku gak iso dianggep arek Suroboyo. Lha wong aku ki alus, njogo perasaane wong, trus kalem. Huahahaha. pencitraan poll.

Lha yok opo maneh, Suroboyo ki daerah panas, puanaaas  poll malah. Makane iku sing nggarai arek Suroboyo cepet panas. Tapi masio cepet panas, arek Suroboyo yo cepet mari. Ora suwi-suwi lek ngamuk. Bar yo bar.

Lan mergo arek Suroboyo ki ceplas ceplos, opo sing ono ndek pikiran langsung wae diomongno nang wonge. Ora usah dipendem trus digawe curhat nang wong liyo. Karuan lek diomongno langsung nang sing bersangkutan.

Koyo ngunu lah. Ngerti kan maksude yo?

PS. Ora nggae terjemahan yo. Sisan maneh sepurane gae sing ora ngerti boso Suroboyoan.

 

102 tanggapan untuk “Arek Suroboyo”

@iwan : bener peno cak, sakjane gak onok “ora”, sing onok “gak”. terus mane kata2 “bar yo bar” iku gak medok, sing medok “sing wis yo wis”

lha pak iwan yo bonek ta…? gak ero rek nek pean yo podo suroboyo… dulur dewe la’an… aku seh aselii krian, tapi yo bosone podo blejet kasare ambek suroboyo.

*pye pak, ketok suroboku gak pak?

sepurone ning tak srobot, sek durung ketok suroboyone ning, opo maneh peno takon nggae kalimat tanya : “piye”. sing bener : “yok opo”

sing jelas nek nganggo bosone dewe ki lewih mantep pisuhane haha
okeh pisuhan sing ga nendang penghayatane nek nganggo boso endonesa
*balada tukang misuh

hahaha mbokne ancuk..

haha dimengerti, om…
om dani iki arek suroboyo tapi didikan kraton kok. kalo aku kan asli ngapak yang jauh dari pusat pemrentahan. aku madang, kowe madang, bapake madang, bupatine ya madang. ga pake anggah ungguh blash…

kalo orang jogja bilang makan, kalo ke sesama atau yang lebih rendah kan nyebutnya mangan, ke yang lebih tinggi dahar. di banyumas engga. mau tinggi mau rendah semua satu kata, madhang…

aaaakkk… mas daaan.. suka dech bacanyaa..
aku bukan arek suroboyo, dan ngga terlalu bisa bahasa jawa.
tapi aku ngerti tulisannya mas dan.
dan aku emang suka kalo ada yang ngomong pake bhs jawa. 😳

dan lebih dari itu, aku lagi lumayan deket sama arek suroboyo, 😆
dan dia benar-benar seperti yang mas dan bilang, ceplas ceplos, emosional,
aku tambahin lagi: sok cool, gengsian, dan ngga mau kalah. 😛

kok sama tie?? 😐 aku jg lg deket sm arek suroboyo… dan gak dikasih warning klo dy ceplas-ceplos, emosional, dsb tapi aslinya baik.. awalnya aku sering tersinggung ‘kok dy gitu sih’,,
mungkin hrs berguru pd Mas Dani…

hohoho… sing sabar yo kak nit (ikut2an mas dan).
tapi yang begitu malah bikin aku penasaran dan pengen gangguin terus, hihihi… 😛

sing bener iku : “gua anak jakarta/bandung”. nek arek suroboyo mesti ngomonge : “AKU arek suroboyo”. hahahaha

fotone rrreeeeeeekkkk……jiiiaaannn ngguanteng temen….
*biasane mari ngunu onok tiket berlibur dan… :))

Eayaaalaahh ora kuat moco judul fotone rek….
Rene wae mangan rujak cingur karo aku

Ahahahahaha boso jowone wes acakadut eeee. Sing pasti aku masih apal ngomong **nck klo lg kesel 😀 *kabur

Huahahahaha fotonya narsis poooolll, aku yo ngerti Mas tp gk bs ngomongnya 😀 Surabaya dan Banjarmasin kynya sama2 panasnya deh, karakter masyarakatnya juga kurleb sama tuh hihihi

Iki edisi narsis tingkat tinggi huahaha
Kudune ono terjemahae tah Mas, ben podo ngerti nek sampeyan nggantheng qiqiqi

  • berusaha keras nerjemahin*
    hahaha temenku pin ada yg dari jawa timur. ponorogo. ya gitu, kalo bicara ceplas ceplos, blak blakan, wataknya keras. tapi menurutku asyik temenan sama yg gitu. tidak ada yg terselubung di antara kami #eaaa

Wong Lampung lebih panasen toh mas? Wehehe lek ngomong mesti kuenceng pol suarane. 😀 Podo-podo lah lek ngomongi soal ceplas-ceplosan, jenenge wong indonesia yo ngono kuwi. Hihihihi… 😛

Aku dudu wong suroboyo, mung bojone wong suroboyo.

Sakjane bojoku mesti ngerti tanah kelahirane, tapi nek lungo-lungo nang suroboyo eladalah aku sing dadi petunjuk jalane. Piye kuwi?

Suroboyone nang endi, mas?

maratuwo aku nang ketintang – wonokromo

aku ngerti aku ngertiiiiii *bangga*.
temen kantor ada arek suroboyo (rumahnya di Bojonegoro sih sebetulnya), dan beneran emosian gitu deh, dikit2 ngomong ‘bakaaaaar’ hahahahaha

Walah Mas…kudu ngguyu moco tulisan iki. Mbarai kangen Suroboyo, rujak cingur, rawon kalkulator, ambek tahu tek dinoyo. Iso bosoan koyok ngene nang Jakarta rasane koyok ngempet ken*ut. Plong ngono hehe… Sok mben nggawe sing rodo panjang tulisanne Mas. Hehehe

Cung…!!!, awakmu kurang kasar boso suroboyone mosok gae kata “ora”, gak mewakili arek suroboyo iku…?? maneh2 nek nulis ojok nggawe “ora” tapi “gak”….suwun…

sepurane cak, peno bosone sek rodok alus, nek asli suroboyo gak ngunu. suroboboyo gak nggawe kata2 “ora” tapi “gak”. onok mane kalimat : “lek ngamuk bar yo bar”, iku nek menurut aku gak biasa nek kanggone wong suroboyo, sing biasane aku krungu : “lek ngamuk nek wis yo wis”. ngunu ae cak matur nuwun sepurone sing akeh

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Konten dalam blog ini dilindungi oleh hak cipta
Exit mobile version