Kategori
Fragment

Nggedabrus

Ngerti nggedabrus gak rek?

Lek gak ngerti yo golek o kamus kono lho! *lah kok kereng…

Pengajian

Arep ngomongke opo sih iki? Sakjane munu arep ngomongno wong sing kakehan omong, kakehan cangkem alias nggedabrus. Hahaha. Mugo-mugo ae aku iki gak termasuk golongane wong nggedabrus yo.

Kerjo nang bank opomaneh bank swasta sing penting banget jenenge menjual diri nggae aku ketemu karo wong akeh sing menurutku seh nggedabrus. Akeh omong dan sing pasti omongane iku apik-apik soal awake. Ngepik-ngepikne awake ngunu iku lho rek. Ngerti kan maksudku? Dan sing tak omongke iki gak ibuk-ibuk lho. Hahahaha..

Sepurane gawe Ibuk-Ibuk sing tak arani seneng ngepik-ngepik awak dhewe.  Sepurane yo rek lek salah. 😛

Balik maneh, pancen perlu sih dhuwe tingkat kepedean dhuwur kerjo nang bank koyo ngene tapi kok yo aku muales lek ketemu wong sing nggedabrus ngene iki. Opo maneh bapak-bapak. Mulai soko sing senior sampe sing cuma “lumayan suwi” kerjo ndok kunu.

Menurutmu yak opo penampilane wong-wong sing nggedabrus iki?

Wooh, ngganteng-ngganteng rek. Gak kumus-kumus koyok wong terminalan. *sepurane maneh gawe wong terminalan. Bapakku yo wong terminal kok rek.

Nggedabrus e mulai opo? Mulai teko soal omahe sing payu prang milyar trus tuku maneh pirang milyar, dhuwite sing nganggur pirang atus juta, koncone dhekne sing menteri lah, kenalane sing direktur ndi trus ngekeki informasi trus akhire iso berhasil nang transaksi opo ngunu. Sing-sing koyok ngunu iku lah.

Lah sing parah iki lek wis nggedabrus ditambah mbanding-mbandingke awake karo wong liyo. Yo sopo sih yo sing iso menilai awake dhewe iku elek. Pasti apik kan yo?

Lha terus pas mbandingke awake dhewe karo wong liyo mulai nganggep lek wong liyo iku elek. Gak kerjo seapik dhek e dan sing paling parah wong dianggep gak kerjo.

Walaaah males pol lek wis ketemu wong sing ngene iki, padahal lek dinilai kenyataan e, wong sing ngeroso awake paling apik iku uakeh loh kelemahane. Yo gak sih? yo wong liyo kan sing iso nilai elek e awak dhewe.

Dadhi yo ngunu iku, paling males lek ketemu karo wong sing nggedabrus kakehan omong kakehan cangkem ngepik-ngepik awak e dhewe. Tapi yo balik maneh nang awakku sih, kudu pinter-pinter njogo ojok sampek aku sing nggedabrus kakehan cangkem.

Ilingno yo rek lek aku wis mulai nggedabrus.

-sepurane gak onok terjemahane

72 tanggapan untuk “Nggedabrus”

wahahaha…. asik-asik boso jowoan…. moco ne karo medhok-medhok sethithik 😀 aku yo males kok mas nek ketemu wong sing senengane nggedabrus. Mugo-mugo awake dhewe gak koyok ngono yo..

nggedabrus ki opo lek.nek bahasa kene cerigis yo lek..#blogwalking salam kenal saja mas :D.

takpikir mung ndek kantorku ae sing akeh wong nggedabrus, tibakno ndek kantormu pisan yo mas. Aku yo wegah karo wong-wong nggedabrus iku, tapi yo’opo yooo…wong sing nggedabrus iku justru sing karir-e maju ndek kantorku. Soale ebes-ebes bos iku seneng karo wong sing pinter nggedabrus. Aku gak sirik seh mas, tapi pancen aku gak iso nggedabrus, opo kudu melu kursus nggedabrus yo…..

Eh beneran itu ada yg duitnya nganggur milyaran? sinih Mas bilangin aku lg butuh duit huahahahaha matre 😀
Ini kok samaan ya ky org2 dikantorku yg kemaren, semuanya ky gitu pdhl kenyataannya berbeza, coba ya apa gk malu kalo nntinya org tau yg sebenernya ky apa malah curcol

hahaha, sopo mas seng nggedubraaaas?saiki usum yo mas ngeblog nggo boso jowo? hehehe…
tapi gakpopo seh mas lek sing nggedabrus iku sugih ganteng, wes gak sugih gak ganteng trus nggedabrus iku yo kebacut, ya gak ?

kamus bahasa jawa itu benar-benar hebat, kata-katanya banyak, unik dan ada yang tidak bisa dibahasakan ke Indo..

coba apa bahasa indonya yang tepat?

Wekekeke… sopo sing sering nggedabrus Dan.. 😀
Kabeh wong sakjane males nek ketemu wong sing nggedabrus, tapi koyone ning ndunyo akeh sing seneng di gedabrusi, mangkane sampek saiki sing nggedabrus2 kuwi jik akeh, he he he

Bahasa kerene saiki SSI Dan, Sepik Sepik Iblis.. 😀

Ya ampunnnn…aku cuma ngerti dikit ajah….trs baru kali ini denger kata kumus2…itu artinya lusuh? Ckckck

nggedabrusnya doang aku gak ngerti deh Dan, tapi setelahbaca sampe habis pelan-pelan, rada kebayang isinya meski gak ngerti kata perkata . hahah aduh aku agak nyesel tadi mampir di sini, soalnya PENASARAN bacanyaaaa aku jadi musti baca pelan pelan, dan menghubung-hubungkan dengan bahsa indonesia ihihihi 15menit juga ya Dan dan gak jadi relaks malah mikir hahahaha
tapi ngebayangin cowok begitu boasting lucu juga sih, apalagi kalo ada yg suka ngomporin. Dan biasanya orang yg lg mebual gak sadar kalo cuma dikomporin buat jadi ketawaan di belakang.

Wong ngono kuwi ki akeh yo mas. Tapi lek aku nemu wong koyo ngono yo biasane aku meneng dewe, piye yo… Ngdumel dewe lah. Yo ngrasani awake dewe jik akeh kelemahan kok. Tapi yo tetep ndumel sih yo hihihi kan de’e ora ngerti XDXD

Eh tapi aku yo baru ngerti nggedabrus kuwi. Hehe…

Baru mampir ke blog ini trus baca postingan yang ini, aku ngerti Cak! Hahahaha.. Paling mbencekno ancene ndelok wong nggedabrus kakehan munthuk lambene. Mugo2 awake dewe ojo sampek ngono ya.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Konten dalam blog ini dilindungi oleh hak cipta
Exit mobile version