Kategori
Fragment

Opo Yo?

Wis suwi rek gak ngapdet blog iki. Pirang wulan? ono rong wulan? telung wulan?

Mbuhlah.

Pengen Liburan

Mbuh yo, gak ngerti kenopo kok akhir-akhir iki aku dadi mualeeees banget ngeblog. Males sing iso mbok artekne males mbuka wordpress lan bewe nang blog e konco-konco. Ora ono opo-opo sih, tapi kok yo moro-moro mood (halah gayane boso suroboyoan kok nggawe istilah mood) podo ilang babar blas. Ojo maneh mbalesi komen, ngetik postingan wae muales e pwoll.

Mikir-mikir pasti konco-konco sing mbiyen sering dolan mrene pasti wis bosen ndelok isine blog sing gak onok updetan. Trus opo maneh sing biasane sering komen-komenan. Sak jek-e aku gak tau maneh dulin nang blog e konco-konco pasti podo males mampir mrene maneh. Hahahaha. Iyo aku suudzon karena sampean kabeh. Sepurane yo,

Sing mbarai males ki sakjane aku dhewe yo bingung. Gak ngerti opo kaitane kok moro-moro dadi males banget mbuka halamane wordpress karo feedly. Pokoke sering e sakiki lek mbuka feedly yo cuma moco postingan konco-konco soko kunu wae. Ora marani langsung nang halamane langsung.

Mbuhlah kapan iki mood iso balik maneh. Sing pasti ora kakehan alasan. Pokoke lagi males ngeblog.

Sepurane sing uakeh yo Rek, konco-konco kabeh.

PS: sengojo maneh ora masang terjemahan. Iki arek Suroboyo lagi pengen (males) ngeblog.

53 tanggapan untuk “Opo Yo?”

aman…kuwi ra sah dipikir…wong aku iku yo tergantung mood juga lek dulin BW…piye kadang yo repot “off air” lebih penting.. kadang yo emang lagi nggak mood kan ra iso dipekso tho..sing penting seduluran podho bloggers ki terjaga…ra iso diukur karo sering lan orane dolin…*menurutku lho…santai bae….

Dan, upami teu aya terjemahana, urang planga plongo yeuh dibales komen pk bhs sunda hahahaha

Nang donyane blog iku onok siklus-e, cak, kadang semangat kadang mualese puwoll. Yo gak iso dipekso sih, lha wong ngeblog iku gak dibayar opo maneh didendo lek gak ngeblog.
Santai ae, penak-penakno awake peno, sing penting ojok sampe putus paseduluran.
Mugo-mugo ndang semangat maneh.

Wah iya Mba Nel. ga ada transaltor dan translate-nya. maapkan Mba. Cuman mau cerita kalo lagi males ngeblog aja kok. Pe er banget ya buat yang baca? maap ya Mba. Dan maap juga belom pernah maen lagi ke blognya Mba Nela.

Nek masalah ngeblog ngono yo podo wae karo aku mas. Blogku yo ora tau tak update babar blas. Jane ana rasa isin karo kanca-kanca, nanging lha piye maneh. Paling mung maca saka feedly. Masalahe yen buka feedly saka hape ora bales komen e. Trus kepiye? Mbuh lah. :p

Sama Daniiii…samaaaaa!
Saya juga hampir 2 bulan nggak nge-blog.
Alasane yo mbuh, pokoke males puuooolll…
😀

Oyaaa, mungkin karena sebelumnya kita terlalu rajin nge-blog, lama-lama kita jadi bosen kali ya…sama dengan rotasi bumi, kadang siang, kadang malam, kadang rajin kadang males…hihihi…alasan buat pembelaan diri nih kayaknya, ngawur abisss!
😛

gak ngerti…. tapi dari komen-komenya udah ketangkap maksudnya..
tetap semangat mas dani..

wee… lha kok padha Dan… wingi2 kuwi aku yo sempet kelangan greget ngeblog lan ra sempat bewe sisan… padahal kangen lho karo kanca2… sepurane yo, nembe bisa dolan mrene..hehe… saiki, muga2 wis semangat neh yo… apa kabar, jagoan ngganteng mu? 🙂

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

error: Konten dalam blog ini dilindungi oleh hak cipta
Exit mobile version