Ngerti nggedabrus gak rek?
Lek gak ngerti yo golek o kamus kono lho! *lah kok kereng…
PengajianArep ngomongke opo sih iki? Sakjane munu arep ngomongno wong sing kakehan omong, kakehan cangkem alias nggedabrus. Hahaha. Mugo-mugo ae aku iki gak termasuk golongane wong nggedabrus yo.
Kerjo nang bank opomaneh bank swasta sing penting banget jenenge menjual diri nggae aku ketemu karo wong akeh sing menurutku seh nggedabrus. Akeh omong dan sing pasti omongane iku apik-apik soal awake. Ngepik-ngepikne awake ngunu iku lho rek. Ngerti kan maksudku? Dan sing tak omongke iki gak ibuk-ibuk lho. Hahahaha..
Sepurane gawe Ibuk-Ibuk sing tak arani seneng ngepik-ngepik awak dhewe. Sepurane yo rek lek salah. 😛
Balik maneh, pancen perlu sih dhuwe tingkat kepedean dhuwur kerjo nang bank koyo ngene tapi kok yo aku muales lek ketemu wong sing nggedabrus ngene iki. Opo maneh bapak-bapak. Mulai soko sing senior sampe sing cuma “lumayan suwi” kerjo ndok kunu.
Menurutmu yak opo penampilane wong-wong sing nggedabrus iki?
Wooh, ngganteng-ngganteng rek. Gak kumus-kumus koyok wong terminalan. *sepurane maneh gawe wong terminalan. Bapakku yo wong terminal kok rek.
Nggedabrus e mulai opo? Mulai teko soal omahe sing payu prang milyar trus tuku maneh pirang milyar, dhuwite sing nganggur pirang atus juta, koncone dhekne sing menteri lah, kenalane sing direktur ndi trus ngekeki informasi trus akhire iso berhasil nang transaksi opo ngunu. Sing-sing koyok ngunu iku lah.
Lah sing parah iki lek wis nggedabrus ditambah mbanding-mbandingke awake karo wong liyo. Yo sopo sih yo sing iso menilai awake dhewe iku elek. Pasti apik kan yo?
Lha terus pas mbandingke awake dhewe karo wong liyo mulai nganggep lek wong liyo iku elek. Gak kerjo seapik dhek e dan sing paling parah wong dianggep gak kerjo.
Walaaah males pol lek wis ketemu wong sing ngene iki, padahal lek dinilai kenyataan e, wong sing ngeroso awake paling apik iku uakeh loh kelemahane. Yo gak sih? yo wong liyo kan sing iso nilai elek e awak dhewe.
Dadhi yo ngunu iku, paling males lek ketemu karo wong sing nggedabrus kakehan omong kakehan cangkem ngepik-ngepik awak e dhewe. Tapi yo balik maneh nang awakku sih, kudu pinter-pinter njogo ojok sampek aku sing nggedabrus kakehan cangkem.
Ilingno yo rek lek aku wis mulai nggedabrus.
-sepurane gak onok terjemahane
72 tanggapan untuk “Nggedabrus”
Memy mana Memy… Asli ga ngerti blasssssss hihihi
HAHAHAHAHA aku ngerti dani ngomong apa…. virtual toss sesama arek suroboyo 😛
Virtual toss!
Ahahahaha. Lomby juga kaga ngarti ya Ye? 😛
Sepertinya klo gw tanya dia, dia bakalan nanya lg sm MIL gw hahahaha
Daniiii…..kamu nulis apaan to???
Maap Liiis. Ini nulis soal orang yang suka boasting soal bagusnya diri mereka dan merendahkan orang lain. Hihihi
tahunya ngedeplak aja.. 😀
Apaan tuh Mba? 😛
duduk selojoran..
wahahaha…. asik-asik boso jowoan…. moco ne karo medhok-medhok sethithik 😀 aku yo males kok mas nek ketemu wong sing senengane nggedabrus. Mugo-mugo awake dhewe gak koyok ngono yo..
Amiiiin. Toss ah. Dodolan awak dhewe sih oleh tapi yo ojo nggedabrus. Sepakat?!! 😀
nggedabrus ki opo lek.nek bahasa kene cerigis yo lek..#blogwalking salam kenal saja mas :D.
Iyo ketokane. Cerigis paling yo. Hahaha. Salam kenal.
akika roaming iniiihh …. 😀
Muaaap ya Deees. Hahaha. Soal orang yang suka omong gedhe inih
takpikir mung ndek kantorku ae sing akeh wong nggedabrus, tibakno ndek kantormu pisan yo mas. Aku yo wegah karo wong-wong nggedabrus iku, tapi yo’opo yooo…wong sing nggedabrus iku justru sing karir-e maju ndek kantorku. Soale ebes-ebes bos iku seneng karo wong sing pinter nggedabrus. Aku gak sirik seh mas, tapi pancen aku gak iso nggedabrus, opo kudu melu kursus nggedabrus yo…..
Etapi suwi-suwi wong ngerti kok Rin sopo sing nggedabrus sopo sing nggak. Tapi pancen kemampuan menjual diri iku penting. Cuma yo ojo sampek kelewatan.
masya olloh dannnn nulis apaan yah
sek sek sek hahaha
Muaaap Feeeel. Hihihi. Ini nulis soal orang yang suka omong besar banggain diri gitu. Huehehehe.
wong nggedabrus iku ancen akeh kaspone, kemelipen, gak isok dipercoyo blas
Kaspoooo. Hahahah. Kit mau aku nggolek-nggolek kata iki cak. Lali aku. Hahahahaha
hehe… kaspo alias awu awu yo pak. biasane cumak kakean cocot, gak onok isine. hahaha kasar amat bahasa aku..
*brb manggil si pacar buat terjemahin* hahahahaha….
nek neng gonaku jenenge ngethuprus mas… 😆 nek kakehan ngapusi jenenge “ndobos”
Aku faham mas dani…tapi ono seng rodok bedo sitik2 seh bohoso solo karo suroboyo…
Iyo malesi bgt yen kepetok wong seng modele koyok njenengan tulis iki,,,marai mentolo mbandem boto wae ya hahaha
Eh beneran itu ada yg duitnya nganggur milyaran? sinih Mas bilangin aku lg butuh duit huahahahaha matre 😀
Ini kok samaan ya ky org2 dikantorku yg kemaren, semuanya ky gitu pdhl kenyataannya berbeza, coba ya apa gk malu kalo nntinya org tau yg sebenernya ky apa malah curcol
hahaha, sopo mas seng nggedubraaaas?saiki usum yo mas ngeblog nggo boso jowo? hehehe…
tapi gakpopo seh mas lek sing nggedabrus iku sugih ganteng, wes gak sugih gak ganteng trus nggedabrus iku yo kebacut, ya gak ?
Aku langsung kasih “like” aja ya Dan, soalnya ga ngerti hehe.. aku yakin isi tulisanmu pasti bagus deh 😉 .
sama mbak, sama-sama gak ngerti…. hihihihihihiks.. 😀
paling males lek ketemu orang sing suka nggedabrus… 😛
kamus bahasa jawa itu benar-benar hebat, kata-katanya banyak, unik dan ada yang tidak bisa dibahasakan ke Indo..
coba apa bahasa indonya yang tepat?
aduh ini aku roaming dari awal sampe akhir. ga ngerti sama sekali hahahaha
Wekekeke… sopo sing sering nggedabrus Dan.. 😀
Kabeh wong sakjane males nek ketemu wong sing nggedabrus, tapi koyone ning ndunyo akeh sing seneng di gedabrusi, mangkane sampek saiki sing nggedabrus2 kuwi jik akeh, he he he
Bahasa kerene saiki SSI Dan, Sepik Sepik Iblis.. 😀
nggedabrus alias kaspo alias mbujuk-an, pancen mbencekno nek ketemu wong sing senengane nggedabrus mas, nek aku yo ta bales ae, melu nggedabrus pisan 😀
Gedabrus iku paling enak ambek mangan gorengan…opo sih??? wes wong sing kakean nggedabrus dikacangi ae, ben pegel dewe ngoceh2
bangga pada kadar kejawaan diri sendiri karna masih mengerti isi postigan ini. hap! *pake konde & jarik*
tapi mas, lek ndek kampunge mbah ku iku, lek onok ibuk2 nonggo rasan2 ga mulih2 mesti yo diilokno nggedabrus ae…hihihihihii
Ya ampunnnn…aku cuma ngerti dikit ajah….trs baru kali ini denger kata kumus2…itu artinya lusuh? Ckckck
opo toh iku artinya mas dani nggedabrus? aku berkerut mikirnya hahahaha
Mas Dan nggedabrus-e gak pas wayahe pengajiankan 🙂 ? Hihihi…..
nggedabrusnya doang aku gak ngerti deh Dan, tapi setelahbaca sampe habis pelan-pelan, rada kebayang isinya meski gak ngerti kata perkata . hahah aduh aku agak nyesel tadi mampir di sini, soalnya PENASARAN bacanyaaaa aku jadi musti baca pelan pelan, dan menghubung-hubungkan dengan bahsa indonesia ihihihi 15menit juga ya Dan dan gak jadi relaks malah mikir hahahaha
tapi ngebayangin cowok begitu boasting lucu juga sih, apalagi kalo ada yg suka ngomporin. Dan biasanya orang yg lg mebual gak sadar kalo cuma dikomporin buat jadi ketawaan di belakang.
Yeahhh..ganti theme jadi unik Pak Dani.. Jempol 😀
Hani mana Hani ?
*copas, print suruh Hani ngartiin*
langsung roaming bacanya buka kamus bahasa jawa 😛
google transalte sudah ada bahawa jawanya Mba. Hihihi.. 😛
waduh…tingkat tinggi nih Dan, levelku blom nyampe, kali ini aku nyerah ga ngerti qiqiqiqi
pusing gak ngerti tulisannya hahaha
ngertiiii banget, cuma mau komen pake bahasa yang sama kok beraatttt… hahaha…
Dan, mana coba ibu2 yang seneng bangga2in diri sendiri..? Manaaa..? Manaaaa…? *sok amnesia* 😆
Ora ngerti iki opo tooooo ?
asiiik aku ngerti…. meskipun bacanya harus pelan2 , malah ngebayangin sodaraku yg orang surabaya klo lagi ngomong….
Lamaaaaaa gak ke sini tau2 dah berubah tampilaaannnnn…
Wah aku gak ngerti rek, nggedabrus ki opo seh ? hehehehe
Wong ngono kuwi ki akeh yo mas. Tapi lek aku nemu wong koyo ngono yo biasane aku meneng dewe, piye yo… Ngdumel dewe lah. Yo ngrasani awake dewe jik akeh kelemahan kok. Tapi yo tetep ndumel sih yo hihihi kan de’e ora ngerti XDXD
Eh tapi aku yo baru ngerti nggedabrus kuwi. Hehe…
Aku yo paling gething karo wong kakean ndobos mas. Btw, PR soko zalora wis digarap durung mas Dani?
*garuk-garuk kepala* 😀
ngerti sih dikit2 soale temen kosku orang suroboyo mas, tapi yo kalau nimpalin tak bales pake bahasa sunda hehe
Trus opo hubungane nggedabrus karo gambar pengajian?
nek ning kampungku kana nggedebus Dan, ameh padha yo ? 😛
Ga ngerti bahasanya Mas…. *kamus bahasa jawa mana??? heheheheh
Ke akehan cangkem yo enak’e iso maem banyak dan, hahaahhahaaha.. Aku ngerti kok isinya.. Cuma ga bs ngomongnya… Bahasa jawa surabaya pasif aku ini hehehe…
waduh mas ngga ada subtitle nya nih?
Maap Man, ga ada. Huehehehe.. 😀
Untuk postingan ini terpaksa akang nyari penerjemah sesama arek suroboyo, jadine ora iso komen opo2
Serasa pulang kampung ke gresik kalo baca postingan ini.
Maturnuwun Cak. Arek gresik to. Cidek Suroboyo.. 🙂
Lha.. nek nang nggonku sing ngono kuwi diarani ‘nggedebus’, Dan… ngomong thok gak mesti nyatane.. hehe…
benten-benten Mba nggih meskipun sami-sami basa Jawa.. 😀
aku ngedabrus ra waktu kita ktemu di sarinah?
Mboten Mba De. Samasekali mboten. Hihihi
Eeeaaaa ngerti rak ngertii iki dan ahahahahaha
sing penting sampeyan ora nggedabrus, nek kero ae gak po po. nek urusan liyo, sing nyata nyata ae, ga atek ngayal2.
Baru mampir ke blog ini trus baca postingan yang ini, aku ngerti Cak! Hahahaha.. Paling mbencekno ancene ndelok wong nggedabrus kakehan munthuk lambene. Mugo2 awake dewe ojo sampek ngono ya.
Toss!!! amiiiin. Mugi-mugi awak dhewe iso terus iling yo Ning! 🙂